Contoh Sambutan Tuan Rumah - Bahasa Jawa

Contoh 1 Kumpulan RT

Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Ingkang kawulo hormati, Bapak Ketua ......... engkang tansah kinabekten
Ingkang kawulo hormati ugi poro rawuh wargo .........

Sepindah, monggo kito memuji syukur Dumateng Allah SWT kanthi rahmat soho hidayahipun kito sedoyo saget makempal wonten acara kumpul pepanggihan rutin rapat erte ing papan panggenan kawulo. Mugi mugi gusti maringi barokah ing kegiatan puniko.

Kaping kalih, kawulo matur sugeng rawuh dumateng pak ...... soho poro wargo ingkang kinormatan ugi maturnuwun dumateng sedoyo ingkang kerso lan saget rawuh wonten dalem kawulo sekeluarga.

Kaping tigo, wondene anggen kulo nyiapaken panggenan, nggelar kloso kalebet samangkih ubo rampenipun wonten ingkang kirang mranani panggalih poro rawuh, kawulo nyuwun agenging pangarsami,

Ing Wasono, mekaten sambutan kawulo pinongko ingkang panggenan rapat kumpulan wonten ing dalu puniko, wonten kirang langkungipun atur, kawulo nyuwun pangapunten.

Wa billahi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

Contoh 2 Pengajian

Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Ingkang kulo Hormati, Bapak Kiai/ustadz ……..
Ingkang kawulo hormati soho bekteni poro kiai alim ulama ugi poro satriyaning nagari
Ingkang kawulo hormati ugi poro jamaah pengajian

Ingkang sepindah, monggo bapak ibu kulo dereaken muji syukur dumateng Allah Subhanahu wa Ta’aala ingkang kanthi kathah nikmat barakahipun kito sedoyo saget kumpul wonten ing acara pengajian rutin dalu puniko.

Sholawat ugi salam dumateng nabi akhirul Zaman, Muhammad sollallahu ‘alaihi wa sallam ingkang dados suri tauladan lan panutan umat Islam ingkang dipun tenggo tenggo syafa’atipun ing dinten pembalasan.

Kaping kalih, kawulo aturaken sugeng rawuh dumateng poro rawuh jamaah pengajian, khushushipun bapak ustadz/kyai ingkang samangkih bade ngisi pengajian ing dalu puniko, kawulo ngaturaken panuwun ingkang sanget sesambetan karawuhanipun bapak ibu jamaah pengajian wonten ing papan panggenan kulo sekeluarga.

Kaping tigo, mbok bilih anggen kulo nyambut, nyiapaken papan panggenan ugi sak mangkih unjukan kalebet ubo rampenipun wonten ingkang kirang mranani panggalih, kawulo sekeluarga sanget sanget nyuwun longgaripun manah poro rawuh kerso maringi pangapunten.

Mbok bilih cekap semanten sambutan saking kawulo, wonten kathah klenta klentunipun atur, kawulo nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam, wa billahi taufiq wal hidayah, wassalaamu’alaikum wa rahmatullaahi wa barakaatuh.

Contoh 3

Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Alhamdulillah Alhamdulilahirrobil’Alamin Asollatu wassalammu’ala Asrofil ambyai walmursalin syaidina Muhammadin wangala Alihi wasohbihi aje’mangin Amaba’dhu.

Langkung rumiyin mangga panjenengan sedaya lan kulo tansah ngraosaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan, injih punika kesehatan, keslametan sarto keimanan sehingga ing wekdal ndalu menika panjenengan sedaya lan kula saged nindaki pakempalan trah kanthi wilujeng mboten manggihi alangan satunggal punapa. Mugi-mugi tindak kula panjenengan sami saking dalem dumugi menika papan pikantuk karidhaning Allah SWT.
Mboten kesupen ugi shalawat lan salam mugi katetepna dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, keluarga, putra, sahabat, lan ugi panjenengan sedaya lan kulo ingkang sami derek sunah-sunahipun.

Dumateng para para lenggah sedaya.
Kepareng matur kula ing mriki matur makili sohibul bait utawi tuan rumah injih punika Sdr/sdri/bpk……………….
Sepindah ngaturaken sugeng lenggah lan sugeng pambagya sak cekapipun awit kerawuhan panjenengan sedaya. Kaping kalihipun ing mbokbilih anggem kawula nanggapi saha caos papan palenggahan kirang nuju prana dumateng para lenggah sami, saestu kula sak keluarga namun nyuwun agunging samudra pangak sami.
Wonten ing pungkasaning atur mugi-mugi adicoro ndalu puniko pikantuk ridho saking Gusti Allah lan paring lancar dumugi mangkih pungkasan.

Cekap semanten atur kula kathah keklentuanipun anggen kula matur kula nyuwun sewu agunging pangapunten.

Wabillahitaufik wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Contoh 4

Assalamualaikum Wr.Wb

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.
Poro bapak lan poro sederek ing kang kulo hormati.

Kawulo pinongko ........ ing kang sepisan ngaturaken sugeng rawoh lan ngaturaken angging panuwun dumateng poro bapak lan poro sederek sedoyo ingkang sampun kerso ngrawuhi pepanggihan wonten ing ndalu punika.

Mugi2 tindak panjenengan saking ndalem dumugi ing menika papan kareken ngibadah lan pikantuk ganjaran saking ngarso dalem Allah SWT.
Ingkang sak lajengipun mbok bilih anggenipun nyediaken papan kirang nuju prono estu kawulo nyuwun pangapunten ing kang kathah.

Ing wasono mekaten lan semanten atur kulo pinongko tuan rumah wonten kilaf lan lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb

Posting Komentar

0 Komentar