Contoh Pembawa Acara Pengajian - Bahasa Jawa

Assallamuallaikum Wr.Wb

Wonten pangarsanipun poro Alim Ulama’, poro Kiai ingkang tansah kawulo mulyaaken soho kito derekaken menggah fata soho perjuanganipun.

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kawulo utamiaken

Mboten kesupen sedoyo poro rawuh, wabil khusus Bapak Agung selaku taun rumah ingkang tansah kawulo hormati.

Sepindah, monggo kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kanikmatan, rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun. Sehinggo wonten dalu puniko kito takseh saget rawuh wonten puniko majlis dalam keadaan sehat walafiat ugi mbten wonten alangan setunggalpunopo.

Mugi-mugi acara dalu puniko saget manfaati kagem kito sedoyo, manfaat dunyo ugi manfaat akhirat amin ya robbal alamin.

Kapingkalihipun, sholawat ma’a salam kunjuk dumateng Nabi agung Muhammad Rosulillah SAW. Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko. Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.

Wonten mriki kuwulo minagkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acara engkang kalampah sak mangke:
  • Nomer setunggal inggih puniko Pembukaan
  • Nomer kalih inggh puniko Wosan ayat-ayat suci Al-qur’an (tahlil)
  • Nomer tigo inggih puniko Sambutan
  • Nomer sekawan inggih puniko Do’a
  • Soho nomer tarahir inggih puniko Penutup
Wangsul dumatang acoro engkang nomer sepindah inggih puniko pembukaan. Manggo acara wonten dalu puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab, ‘ala hadiniyyah alfatihah…

Matursuwon. Kito lajengaken acoro ingkang kaping kaleh inggeh puniko wosan Ayat-Ayat suci al-Qur’an (tahlil) dumateng panjenenganipun bapak Ali. Wedal kulo sumanggaakaen…

Meniko kala wau wosan Ayat-Ayat suci Al-Qur’an mugi-mugi saget mbarokahi kagem kita sedaya. Amin

Acoro ingkang kaping tiga enggeh puniko sambutan, dumateng panjenenganipun bapak Syahid, wekdal kula aturi sumonggo………………………..

Mekaten kolo wau sambutan saking bapak Syahid.

Kita lajengaken acoro ingkang kaping sekawaninggeh puniko do’a, dumateng bapak ..........., kulo aturi sumanggo.

Acoro ingkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acara waonten dalu puniko kita tutup kanti waosan hamdalah ugi Alfatihah…..

Mekaten saking kawulo, menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo, kula nyuwun agung ing pangapunten.

Wassallamuallaikum Wr.Wb

Posting Komentar

0 Komentar